Kamis, 02 Desember 2010

Isbat

Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat? [mbokmenawa luwih trep 'falsafah'] lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat/falsafah kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’.
Tuladha:

Golek geni adedamar
golek banyu apepikulan warih

Arane Dina lan Wuku

Arane Dina:
Ahad (Minggu) = Ditya

Senen = Soma

Selasa = Anggara

Rebo = Buddha

Kemis = Wrespati

Jum'at = Sukra

Sabtu = Tumpak


Arane Pasaran

Pon = Palguna

Wage = Cemengan

Kliwon = Kasi

Legi = Mani

Pahing = Jenar


Arane Wuku
Sawuku umure saminggu, cacahe Wuku ana 30, yaiku :


Wuku Shinta

Wuku Landhep

Wuku Wukir

Wuku Kuranthil

Wuku Tolu

Wuku Gumbreng

Wuku Warigalit

Wuku Warigagung

Wuku Julungwangi

Wuku Sungsang

Wuku Galungan

Wuku Kuningan

Wuku Langkir

Wuku Arandhasiya

Wuku Julungpujut

Wuku Pahang

Wuku Kuruwelut

Wuku Marakeh

Wuku Tambir

Wuku Medhangkungan

Wuku Maktal

Wuku Wuye

Wuku Manakil

Wuku Prangbabat

Wuku Bala

Wuku Wungu

Wuku Wayang

Wuku Kulawu

Wuku Dhukut

Wuku Watugunung

dening: ndalem Mbah Doel

Araning Panggonan lan Tali

TEMBUNG KANG ATEGES ARANING PANGGONAN

01. Kanthong wadhah dhuwit
02. Endhong wadhah panah
03. Pranji wadhah pithik
04. Kombong panggonan bèbèk
05. Rong omah ula
06. Susuh omah manuk
07. Krangkèng omah macan
08. Warangka wadhah kêris
09. Lèng omah gangsir
10. Song omah landak
11. Papon wadhah apu/injêt
12. Pragèn wadhah bumbu
13. Plangkan wadhah tumbak
14. Slêpi wadhah rokok
15. Gayor wadhah gong
16. Bothèkan wadhah jamu
17. Pok wadhah kinang
18. Padaringan wadhah bêras
19. Lumbung wadhah pari
20. Tulang wadhah jangkrik
21. Clunthang wadhah jangkrik
22. Kandhang panggonan Kebo-sapi-wêdus
23. Tala omah tawon
24. Sudhung omah cèlèng
25. Kurungan wadhah manuk
26. Pagupon omah dara
27. Sêlon wadhah trasi
28. Gêdhogan kandhang jaran
29. Tangsi panggonan saradadu
30. Mesjid panggonan sembahyang (Islam)
31. Langgar panggonan sembahyang (Islam)
32. Klênthèng panggonan sembahyang (Cina)
33. Gréja panggonan sembahyang (Kristen/Protestan/Katholik)
34. Dhompèt wadhah dhuwit
35. Patarangan omah pitik
36. Bango omah kanggo dodolan
37. Grêdu omah kanggo jaga
38. Gubug omah ing tengah sawah
39. Hotèl omah panginepan sing larang
40. Pasanggrahan omah palêrêman ing gunung
41. Bangsal omah gêdhé tur éndah
42. Balé-mangu omah kanggo ngadili
43. Panti-sari omah ing satengahing taman
44. Padhépokan omah dununging pandhita
45. Pacrabakan omah panggonane wiku
46. Balé-mandhakiya omah kanggo sêmèdi
47. Sanggar pamujan omah kanggo sêmèdi
48. Sanggar palanggatanomah kanggo sêmèdi
49. Sanggar pêmidikan omah kanggo sêmèdi
50. Sanggar pamêlênganomah kanggo sêmèdi

ARANING TALI

01. Tali pancing arané kênur
02. Tali panggalan arané ewêd
03. Tali sangkal arané jangêt
04. Tali caping arané klanthé
05. Tali sapu arané suh
06. Tali gêndhéwa arané sêndhêng/kêndhêng
07. Tali kêlir wayang arané jala-jala
08. Tali pasangan arané sawêd
09. Tali gong arané pluntur
10. Tali lapak arané ambên
11. Tali layangan arané tali-goci
12. Tali bêkungkung arané klamar
13. Tali ing gêgêr arané apus-buntut
14. Tali irung arané kêluh
15. Tali sruwal arané kolor utawa usus-usus
16. Tali arloji arané karsèt
17. Tali wêngku arané jêjêt
18. Tali pêcut arané upat-upat
19. Tali bênang layangan arané ulur
20. Tali sêndarèn arané sêndhêng
21. Tali lar pênjawat arané godhi
22. Tali kêndhali arané lis

dening: ndalem Mbah Doel

Araning Woh-wohan

ARANING GODHONG

01. Godhong arèn arané dliring
02. Godhong asêm arané sinom
03. Godhong awar-awar arané dongèng
04. Godhong cipir arané cêthèthèt
05. Godhong cocor bèbèk arané tiba urip
06. Godhong dhadhap arané tawa
07. Godhong gêbang arané kajang
08. Godhong jarak arané blêdhèg
09. Godhong jarak kêbo arané lomah-lamèh
10. Godhong jipang arané bêthêthêt
11. Godhong jambé arané procot utawa dêdêl
12. Godhong krambil arané sing isih enom : janur, sing wis tuwo :blarak
13. Godhong kimpul arané lumbu
14. Godhong kacang brul arané rèndèng
15. Godhong kacang dawa arané lêmbayung
16. Godhong katès arané gamplèng
17. Godhong kara arané brobos
18. Godhong kélor arané limaran utawa sapu jagad
19. Godhong kêtéla rambat arané jlégor
20. Godhong lêmpuyang arané lirih
21. Godhong lombok arané sabrang
22. Godhong mlinjo arané so
23. Godhong ijon-ijonan arané dingkik
24. Godhong ilêr arané sisikbang
25. Godhong cêkuk arané sriwadari
26. Godhong kimpul alas arané kombang
27. Godhong pohung arané kopral
28. Godhong pring arané larmanyura
29. Godhong randhu arané baladéwa utawa cêmara kandhi
30. Godhong pari arané damèn
31. Godhong turi arané pêthuk
32. Godhong wuni arané pojar utawa mojar
33. Godhong widara putih arané trawas

ARANING WOH

01. Woh arèn arané kolang-kaling
02. Woh bêsusu arané bêngkowang (ing dhuwur)
03. Woh gêbang arané krandhing
04. Woh pucung arané kluwak
05. Woh sambi arané kêcacil
06. Woh so arané mlinjo
07. Woh uwi arané katak
08. Woh turi arané klênthang
09. Woh kanthil arané gandhèk
10. Woh widara putih arané anyang

ARANING ISI/WIJI

01. Isi asem arané klungsu
02. Isi kêcipir arané botor
03. Isi durèn arané ponggé
04. Isi kluwih arané bêthêm
05. Isi nangka arané bêton
06. Isi sawo arané kêcik
07. Isi bêndha arané gundhu
08. Isi pêlêm arané pêlok
09. Isi kapas arané wuku
10. Isi randhu arané klênthêng
11. Isi sêmangka arané kwaci
12. Isi salak arané géyol utawa kênthos
13. Isi mlinjo arané klathak
14. Isi jambé arané jêbug
15. Isi tanjung arané kêcik (isi sawo uga aran kêcik)


ARANING PÊNTIL

01. Pêntil asêm arané cempaluk
02. Pêntil jambu arané karuk
03. Pêntil pêlêm arané kruntil utawa bajangan
04. Pêntil nangka arané gori utawa tèwèl
05. Pêntil randhu arané karuk (padha karo pêntil jambu)
06. Pêntil jambé arané blèbèr
07. Pêntil jagung arané jantênan utawa putrèn
08. Pêntil krambil arané bluluk-cêngkir-dêgan
09. Pêntil mlinjo arané kroto
10. Pêntil sêmangka arané gêndhoyo
11. Pêntil manggis arané blibar

dening: ndalem Mbah Doel

Arane Kembang

ARANING KEMBANG

01. Kembang aren arane dangu
02. Kembang asem arane mengos
03. Kembang alang-alang arane mublak
04. Kembang apukat arane kenes
05. Kembang apel arane rantas
06. Kembang bawang arane jelanthir
07. Kembang blimbing arane maya
08. Kembang anggrung arane dumeh
09. Kembang bakung arane gapyuk
10. Kembang bayem arane rintip
11. Kembang bentul arane gandhen
12. Kembang brambang arane blalo
13. Kembang bengle arane layu
14. Kembang erut arane sundel utawa greneng/gremeng
15. Kembang cabe arane suguh
16. Kembang cangkring arane rongeh
17. Kembang cengkih arane polong
18. Kembang cempaka arane gadhing
19. Kembang duren arane dlongop
20. Kembang dringo arane sendrang
21. Kembang dhadhap arane kecelung
22. Kembang dlima arane aku
23. Kembang gambas arane mausari
24. Kembang ganjong arane glelong
25. Kembang glagah arane glonggong
26. Kembang gadhung arane cengonglong
27. Kembang gedhang arane tuntut
28. Kembang jae arane lirik
29. Kembang jarak arane ajeg
30. Kembang jeruk arane alon/ngrenthel
31. Kembang jambu arane karuk
32. Kembang jati arane janggleng
33. Kembang jambe arane mayang
34. Kembang jambu mete arane lancang
35. Kembang kara arane calak utawa kepek
36. Kembang kelor arane bekethek
37. Kembang kemangi arane gribis
38. Kembang kemiri arane tratab
39. Kembang kenthang arane kapiran
40. Kembang klengkeng arane ambek
41. Kembang kluwih arane onthel
42. Kembang jengkol arane kecuwis
43. Kembang kobis arane idhep
44. Kembang kunir arane galih
45. Kembang kacang arane besengut/bundhel
46. Kembang kedhondhong arane liyer
47. Kembang jagung arane sinuwun utawa jembut
48. Kembang krokot arane nonik
49. Kembang kedhawung arane riyip
50. Kembang kapas arane kadi utawa kapi
51. Kembang kopi arane blanggreng
52. Kembang kimpul arane pancal utawa pacal
53. Kembang kecubung arane corong/torong
54. Kembang kangkung arane klengser
55. Kembang kencur arane sedhet
56. Kembang kates arane jenthit
57. Kembang krambil arane manggar
58. Kembang kelor arane limaran (godhonge uga limaran)
59. Kembang lampes arane ninggil
60. Kembang laos arane jethot
61. Kembang lamtara arane jemu
62. Kembang lombok arane pelik
63. Kembang luntas arane trapus
64. Kembang mlandhing arane jedhindhit
65. Kembang mundhu arane kocok utawa meped
66. Kembang maja arane jejer
67. Kembang manggis arane kenthet
68. Kembang mlathi arane peni
69. Kembang mlinjo arane uceng
70. Kembang nangka arane angkup atawa babal
71. Kembang nipah arane dongong
72. Kembang nanas arane katur
73. Kembang kanthil arane gadhing
74. Kembang pandhan arane pudhak
75. Kembang pohung arane ingklik
76. Kembang pring arane krosak
77. Kembang pace arane sarweteh
78. Kembang pete arane pendhul
79. Kembang lempuyang arane greng
80. Kembang pala arane bablas
81. Kembang pari arane jepun
82. Kembang randhu arane karuk (padha karo kembang jambu)
83. Kembang sawo arane rikuh
84. Kembang suruh arane drenges
85. Kembang salak arane ketheker
86. Kembang tales arane puncak
87. Kembang turi arane tronggong
88. Kembang terong arane duga-duga
89. Kembang tebu arane gleges
90. Kembang timun arane montro
91. Kembang temu arane purek
92. Kembang widuri arane brondong
93. Kembang waluh arane doblog
dening: ndalem mbah doel

Rura Basa

Tembung rura basa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake.
Tuladhane kaya ing ngisor iki .
01. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega
02. njait Klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi
03. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe.
04. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu.
05. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet
06. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa
07. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang
08. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel
09. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog supaya dadi gethuk
10. nggodog wedang, benere: nggodog banyu supaya dadi wedang.

Tembung Plutan

TEMBUNG PLUTAN

Tembung plutan yaiku tembung kang wandane loro kang dirangkep didadekake sawanda.
01. para dadi pra
02. kiyat dadi kyat
03. suwara dadi swara
04. murih dadi mrih
05. weruh dadi wruh
06. sari dadi sri
07. suwarga dadi swarga
08. sarana dadi srana
09. dicuwowo dadi dicwowo
10. suwasa dadi swasa
11. kuluban dadi kluban
12. gumerit dadi gumrit
13. kuwalon dadi kwalon
14. deres dadi dres
15. kuwasa dadi kwasa
16. serat dadi srat
17. purihen dadi prihen
18. keras dadi kras
19. dereng dadi dreng
20. sinarawedi dadi sinrawedi
21. samaya dadi smaya
22. seret dadi sret
23. sumangkeyan dadi smangkeyan
24. sakarepmu dadi skarepmu
25. saprongkal dadi sprongkal
26. ketambuhan dadi ktambuhan
27. telulikur dadi tlulikur
28. suwidak dadi swidak
29. suwasa dadi swasa
30. pinerang dadi pinrang
31. cuwiri dadi cwiri
32. welas dadi wlas
33. gumantung dadi gmantung
34. sinerang dadi sinrang
dening: Ndalem Mbah Doel