Kamis, 14 April 2011

Saloka

Saloka yaiku unèn-unèn kang gumathok kang ngemu pepindhan
A

* Adang adang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.
* Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.
* Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.
* Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.
* Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.
* Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
* Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
* Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
* Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.
* Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawa pirembugan.
* Ana dhaulate ora ana begjane, tegesé wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
* Anak polah bapak kepradah, tegesé Kelakuané anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané. Anak iku dadi tanggungjawab wong tuwané, kalebu kabèh tidak tanduk anak. Yèn ana tindak tanduk anak sing salah, wong tuwa mesthi mèlu-mèlu disalahké wong liya. Sewaliké nèk ana tindak tanduk anak sing apik/bener, wong tuwané biasané mèlu disanjung. Iku sebabé wong tua kudu ndhidhik putra-putriné sing bener, sing ora nyalahi aturan-aturan agama, tata krama lan liya-liyané.
* Angon mangsa, tegesé golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak.
* Angon ulat ngumbar tangan, tegesé nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika.
* Asu belang kalung wang, tegesé wong asor nanging sugih.
* Asu gedhe menang kerahe, tegesé wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané.
* Asu marani gepuk utawa asu marani gebug, tegesé njarak marani bebaya.
* Asu rebutan balung, tegesé rebutan barang kang sepélé.
* Ati bengkong oleh oncong, tegesé wong sing nduwé niyat ala olèh dalan.

B

* Baladewa ilang gapite utawa Gatutkaca ilang gapité, tegesé wong kang ilang kaluhurané. Baladewa iku wayang sing gagah pideksa, nanging wayang yèn ilang gapité ora bisa dienggo déning dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang penyu sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepké ing debog lan bisa jejeg.
* Banyu pinerang, tegesé pasulayané sedulur mesthi énggal pulihé.
* Bathang lelaku, tegesé lelungan ngliwati panggonan sing mbebayani.
* Bathok bolu isi madu, tegesé Wong asor nanging sugih kapinteran.
* Becik ketitik, ala ketara, tegesé tumandang apa waé, mengko bakal bisa ketitik (dimangertèni) endi sing becik endi sing ala (ora becik). Paribasan iki uga asring dienggo kanggo ngelingaké supaya ora susah was sumelang yèn tumindak bener, amarga ala-beciké bakal dimangertèni utawa katon.
* Belo melu seton, tegesé bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake.
* Bubuk olèh lèng, tegesé
* Busuk ketekuk, pinter keblinger, tegesé

C

* Canthing Jali
* Cathok gawel
* Car-cor kaya kurang janganan
* Cebol nggayuh lintang, tegese duwe kekarepan sing mokal bisa klakon.
* Cecak nguntal empyak, tegese gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
* Cedhak kebo gupak
* Cincing-cincing meksa klebus
* Criwis cawis, tegese tansah mbantah prentah nanging sumadya nindhakake.

D

* Dahwen ati open, tegese nacad ananging arep dimelik dhewe.
* Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra
* Dhemit ora ndulit, setan ora doyan, tegese tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
* Desa mawa cara negara mawa tata, tegese saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
* Diwehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun sing akeh.
* Dom sumuruping banyu, tegese laku samar utawa meneng-menengan.
* Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan, tegese sanajan wong liya yen ana ora kepenake melu ngrasaake.
* Dudutan lan aculan, tegese padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti.
* Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepingin sing ora-ora.

E

* Eman eman ora keduman
* Emban cindhe emban siladan
* Embat-embat celarat
* Emprit abuntut bedhug
* Endhas gundhul dikepeti
* Enggon welut didoli udhet
* Entek jarake
* Esuk dhele sore tempe

F
G

* Gagak nganggo laring merak
* Gajah alingan suket teki
* Gajah elar
* Garang garing
* Gupak pulute ora mangan nangkane
* Gegedhen empyak kurang cagak
* Golek uceng kelangan dheleg

H

* Holopis kuntul baris

I

* Idu didilat maneh
* Idu geni.
* Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.
* Iwak lumebu wuwu

J

* Jajah desa milang kori
* Jalma angkara mati murka
* Jalma limpat seprapat tamat
* Jamur ing mangsa katiga
* Jaran kerubuhan empyak
* Jarit lawas ing sampiran
* Jer basuki mawa beya
* Jati ketlusuban luyung
* Jujul wuwul

K

* Kacang mangsa ninggal lanjaran
* Kadang konang
* Kalah cacak menang cacak
* Kandhang langit kemul mega
* Katon koyo cempaka sawakul
* Kaya banyu karo lenga
* Kebat kliwat gancang pincang
* Kebo bule mati setra
* Kebo ilang, tombok kandang
* Kebo kabotan sungu
* Kebo nusu gudel
* Kegedhen empyak kurang cagak
* Kelacak kepathak
* Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
* Kependhem pakem
* Kesandung ing warata, kebentus ing atawang
* Kéré munggah balé
* Kutuk marani sunduk
* Kutuk nggendhong kemiri

L

* Lali karo barute
* Ladak kecengklak
* Lahang karoban manis
* Lambe setumang kari samerang
* Lanang kemangi
* Legan golek momongan
* Lumpuh ngideri jagad

M

* Maju tatu mundur ajur
* Matang tuna numbak luput
* Meneng widara uleran
* Menthung koja kena sembagine
* Merangi tatal
* Mikul dhuwur, mendhem jero
* Mrojol selaning garu
* Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi

N

* Nabok nyilih tangan
* Nawu lintang
* Ngagar metu kawul
* Ngemut legining gula
* Nglungguhi klasa gumelar
* Nguyahi banyu segara
* Ngrusak pager ayu
* Ngundhuh wohing pakarti
* Nguthik uthik macan dhedhe
* Nucuk ngiberake
* Nututi layangan pedhot
* Nyangoni kawula minggat
* Nyunggi lumpang kentheng

O

* Obor blarak
* Opor bebek mentas awake dhewek
* Ora gonja ora unus
* Ora mambu enthong irus
* Ora ono banyu mili mendhuwur
* Ora ono kukus tanpa geni
* Ora tembung ora tawung
* Ora uwur ora sembur
* Othak athik gathuk
* Othak athik didudut angel

P

* Pakulinan iku kodrat sing kapindho.
* Palang mangan tanduran
* Pandhitane antake
* Pitik trondhol diumbar ing padaringan
* Pupur sak durunge benjut
* Pupur sawise benjut

R

* "Rawe-rawe rantas malang-malang putung."
* Rebut balung tanpa isi
* Rindik asu digithik

S

* Sabaya pati, sabaya mukti
* Sadumuk bathuk, sanyari bumi
* Sandhing kebo gupak
* Sapa gawé nganggo
* Sapa sira sapa ingsun
* Sapa sing salah bakal séléh
* Sedhakep awe awe
* Sembur sembur adus, siram siram bayem
* Sepi ing pamrih rame ing gawe
* Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa
* Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
* Sumur golek timba

T

* Tega larane ora tega patine
* Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa
* Timun jinara
* Timun mungsuh duren
* Timun wungkuk jaga imbuh
* Tinggal glanggang colong playu
* Tumbak cucukan
* Tumbu oleh tutup
* Tuna sathak bathi sanak
* Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
* Tulung menthung

U

* Ubaya saksi.
* Ubut saksi.
* Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe.
* Ulah semu.
* Ujaring wong pepasaran.
* Ula marani gebug.
* Ulangan cumbon.
* Ulat madhep ati arep.
* Ula-ula dawa.
* Undhaking pawarta sudaning kiriman.
* Undhaking pawarta sudaning titipan.
* Undha usuk.
* Ungak-ungak pager arang.
* Unjal angempan.
* Upaya prabeda.
* Upaya saksi.
* Urik klelet candhu tike.
* Urun rembug.
* Urun wudhu.
* Usung-usung lumbung.
* Utange nurut wulu.
* Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati.
* Utang nyaur, nyilih ambalekake.
* Uwot gedebog.
* Uyah kecemplung segara.

W

* Wis kebak sundukane
* Witing tresna jalaran saka kulina
* Wiwit kuncung nganti gelung
* Wong legan golek momongan

Y

* Yitna yuwana lena kena
* Yiyidan mungging rampadan
* Yoga anyangga yogi
* Yuyu rumpung mbarong rongé

Jumat, 08 April 2011

Kethoprak

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.
Bab lan Paragraf

Sajarah

Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.

Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :

* Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
* Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
* Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
* Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
* Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
* Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita

Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.

Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.

Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,


Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/

Perangkat pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.

Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .

Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.

Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Sandhiwara

Sandhiwara
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Sandhiwara iku pagelaran kanthi lelakon. Sandhiwara bisa migunaaké naskah utawa improvisasi kanthi spontan. Sandhiwara iki kagiyaraké dèning para pemain (aktor) sing mèmba warna dadi paraga-paraga liya kaya ing rancangané. Saiki, sandhiwara ora mung dadi tontonan ing panggung wae. Akèh sandhiwara kang kagiyaraké liwat medhia massa, kaya ta radhio lan televisi.

Sandhiwara radio naté dadi kasenengané wong akèh ing Jawa nalika ing tahun 1980-an. Sandhiwara radhio sing kondhang nalika iku antara liya:

Lagu Dolanan

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Lagu dolanan utawa Tembang dolanan kuwi adalahawujud gendhing kang prasaja sing biasa ditembangaké déning bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit lan wayang liyané.

Lagu dolanan mujudake salah sijine seni sastra tradisional utawa lagu rakyat kanthi irama lan gerak tinamtu kang ditindakake bocah-bocah. Saben lagu nduweni maksud dhewe-dhewe. Lagu dolanan diarani wujud karya sastra amarga kadhapuk saka tembung-tembung endah lan ngemu teges. [1]. Lagu dolanan ditembangake ing wayah-wayah tinamtu, mbiyen lagu dolanan ditembangake bocah-bocah ing plataran omah wayah mbulan ndhadhari. Saliyane nembang, bocah-bocah padha dolanan lan jejogedan jumbuh karo lagu dolanan kang ditembangake.[1]

Kanggo nembangake lagu dolanan, bocah-bocah mono bisa nganggo tarian, jejogedan, lan dolanan. Nanging bisa uga lagu dolanan iku amung awujud tembang kang ora perlu ana tariane, upamane lagu Gundhul-gundhul pacul. Ana uga lagu dolanan kang diiringi alat musik kayata suling, kendang, lan liya-liyane.[1] Saben wewengkon utawa dhaerah nduwe lagu dolanan khas dhewe-dhewe. Gunggunge bisa atusan. Suwardi Endraswara ing bukune ngandharake menawa lagu dolanan iku kaperang dadi 8 jinis yaiku : Proto Folksong, Lagu Nina Bobo (lullaby), Lagu profetik, Lagu Permainan (play song), Lagu Perjuangan, Lagu Jenaka, Lagu Mantra Anak, dan Lagu Sindiran.[1]

Kidung

Kidung
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Kidung yaiku tembang kang cakepane basa Jawa Tengahan lan wujude tembange isa tembang Tengahan, bisa tembang gedhe, bisa uga tembang macapat. Tuladhane kidung Subrata, Kidung Sudamala, Kidung Dewa Ruci, Kidung Sri Tanjung.

Tuladhane Kidung

Kidung jatimulya

Ana kudung sun angidung wengi,

Bebaratan duk amrem winaca,

Sang Hyang guru pangdege,

Lumaku sang Hyang Bayu,

Alambeyan asmara ening,

Ngadeg angidung iku,

Yen kinarya angawula,

Myang lelungan Gusti gething dadi asih,

Syaitan sato sumipang,


Sakathahing upas tawa sami,

Lara raga waluyo nirmala,

Tulak tanggul kang panggawe,

Duduk padha kawangsul,

Ketawuran sagungin sikir,

Ngadam makdum sadaya,

Datanpa pangrungu,

Pangucap lawan panrasa,

Myang paningal kang sedya tumeka napi,

Pangreksaning malaikat,

Jabariail ingkang angemongi,

Milanipun ketetepan iman,

Dadi angandel atine,

Ijrail puniko,

Kang rumeksa ing pati urip,

Israil dadi damar,

Padhang jroning kalbu,

Mikail kang asung sandhang,

Lawan pangan enggale katekan kapti,

Sabar lan anarimo,


Ya hu dhat myang pamujaning wengi,

Bale aras sesakane mulya,

Kirun saka tangaen nggone,

Wa nakirun atunggu saka kiwo gadane wesi,

Nulak panggawa ala,

Penggeret taraju rijal,

Ander ander kulhu balik kang linuwih,

Ambalik lara raga

Macapat

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.

Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' wae Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha.

Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.

Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:

* Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
* Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
* Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Étimologi

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda.[7] Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.[7]

Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.[7]

Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri.[7] Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.[7]

Sajarah

Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé.[15] Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.

A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )

B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.

C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

* Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
* Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
* Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
* Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
* Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
* Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
* Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
* Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
* Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
* Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
* Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.

* Jurudemung
* Wirangrong
* Balabak

Sekar Ageng

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Tabel Sekar

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
Sekar Macapat Guru gatra Guru wilangan Guru lagu
Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u
Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a
Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i
Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a
Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u
Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a
Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Megatruh 4 12, 8, 8, 8, u, i, u, i, o
Girisa 8 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, a, a, a, a, a, a, a, a
[sunting] Tuladha

Sinom

* Pangéran kang sipat murah (8/a)
* Njurungi kajating dasih (8/i)
* Ingkang temen tinemenan (8/a)
* Pan iku ujaring dalil (8/i)
* Nyatané ana ugi (7/i)
* Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
* Wiwitané nenedha (7/a)
* Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
* Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)

Dhandhanggula

* Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
* Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
* Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
* Cinecep nulya wangsul (7/u)
* Mring asalé sangkané nguni (9/i)
* Begja kang wus pana (7/a)
* Sangkan paranipun (6/u)
* Dedalan kang dèn ambah (8/a)
* Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
* Sejatining kasidan (7/a)

Kinanthi

* Padha gulangen ing kalbu (8/u)
* Ing sasmita amrih lantip (8/i)
* Aja pijer mangan néndra (8/a)
* Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
* Pesunen sariranira (8/a)
* Sudanen dhahar lan guling (8/i)

Asmarandana

* Anjasmara ari mami (8/a)
* Masmirah kulaka warta (8/a)
* Anèng kuta Prabalingga (8/o)
* Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
* Kariya slamet wong ayu (8/u)
* Pun kakang pamit palastra (8/a)

Megatruh

* Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
* Kawan dasa kang njagèni (8/i)
* Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
* Sinangga ing kanan kèring (8/i)
* Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)

Wirangrong

* Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
* Mulané lamun miraos (8/o)
* Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
* Yèn uwis kawijil (6/i)
* Tan kena tinututan (7/a)
* Mulané dipun prayitna (8/a)

Perkembangan macapat lan mangsa keemasané

Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.[16]

Sastra Jawa Kuna

Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.

Sastra Jawa Pertengahan

Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.

Sastra Jawa Zaman Islam

Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.

Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.

Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.

Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan

Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.

Pesen jroning Macapat

Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:

1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.

2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.

3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.

4.Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.

5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.

6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.

7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.

Campursari

Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane.

Lelagon campursari

* Gethuk.
* Tambat Ati
* Nonong
* Randha Kempling
* Reformasi
* Hewes-Hewes
* Cucak Rowo
* Mbah Dukunng,

Lelagon sekar gendhing campursari

* Wahyu
* Ayak Pamungkas
* Rangu-Rangu
* Puspa Giwa
* Gandamastuti
* Umbul Donga

Macapat campursari

* Asmaradana : Anjasmara Arimami
* Dhandhanggula : Sidaasih, Turu Lare
* Mijil Kethoprak : Dedalane

Pucung dolanan campursari

* Dhayohe Teka
* Turi-Turi Putih
* Aja Lamis
* Buta Galak
* Iris-irisan ela
* Canthing
* Jali.

Penembang campursari

* Didi Kempot
* Sundari Sukoco
* Manthous

Wangsalan

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

* Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
* Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:

1. Jirak pindha munggwing wana
2. Sayeng kaga we rekta
3. Sinambi kalaning nganggur
4. Wastra tumrap mustaka
5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
6. Kinarya langen pribadi

Batangane:

* Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
* Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
* We rekta kang muroni = iket.
* Baon sabin = karya.

[sunting] Jenisé Wangsalan

* Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra kang ngarep isi wangsalan, gtra sing isi batangané.

Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

* Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula

* Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

* Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.

* Wangsalan mawa paungeran tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:

Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)

Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

* Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .

1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

* Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.

Tuladha: Sinom

Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

* Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).

Tuladha:

Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)

Purwaka (buka,Basa)

Kembang adas sumebar neng tengah alas

Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras

Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan

Wiwit gerong sing baku

Lagu gendhing pangkur lamba

Maweh gumirah wardaya

Tur mathuk kinarya aba

Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung:maksude janggel

Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.

* Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umume kanggo gegojegan. Ana uga cangkriman kang digawe sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blenderan (plesedan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhewe.

1. Cangkriman Wancahan
Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contone:

* kabaketan = nangka tiba nang suketan.
* pakboletus = tapak kebo ana lelene satus.
* burnaskopen = bubur panas kokopen.

2. Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone:

* Sega sekepel dirubung semut = salak.
* Pitik walik saba kebon = nanas.
* Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
* Wit adhikih woh adhakah = waloh.
* Wit adhakah woh adhikih = ringin.

3. Cangkriman Blenderan
Contone: Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

* Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
* Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati.