Rabu, 18 Mei 2011

Tembung Rangkep

Miturut owah orané lingga

* Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Tuladhané: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
* Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal kang owah. Tuladhané: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mrene.
Miturut tegesé

Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, yaiku:

* Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
* Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
* Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
* Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
* Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
* Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
* Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.

Tembung Dwipurwa

Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku, leluri.
[sunting] Tembung Dwiwasana

Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,

Wacan

* Kawruh Basa Jawa Pepak, Daryanto S.S., Penerbit Apollo Surabaya, 1999.
* Tata Bahasa Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. etal., Penerbit Media Abadi Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9.
* Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setyanto, SH., Penerbit Panji Pustaka, Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2007, ISBN 979-25-2732-X.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar