Kamis, 02 Desember 2010

Araning Woh-wohan

ARANING GODHONG

01. Godhong arèn arané dliring
02. Godhong asêm arané sinom
03. Godhong awar-awar arané dongèng
04. Godhong cipir arané cêthèthèt
05. Godhong cocor bèbèk arané tiba urip
06. Godhong dhadhap arané tawa
07. Godhong gêbang arané kajang
08. Godhong jarak arané blêdhèg
09. Godhong jarak kêbo arané lomah-lamèh
10. Godhong jipang arané bêthêthêt
11. Godhong jambé arané procot utawa dêdêl
12. Godhong krambil arané sing isih enom : janur, sing wis tuwo :blarak
13. Godhong kimpul arané lumbu
14. Godhong kacang brul arané rèndèng
15. Godhong kacang dawa arané lêmbayung
16. Godhong katès arané gamplèng
17. Godhong kara arané brobos
18. Godhong kélor arané limaran utawa sapu jagad
19. Godhong kêtéla rambat arané jlégor
20. Godhong lêmpuyang arané lirih
21. Godhong lombok arané sabrang
22. Godhong mlinjo arané so
23. Godhong ijon-ijonan arané dingkik
24. Godhong ilêr arané sisikbang
25. Godhong cêkuk arané sriwadari
26. Godhong kimpul alas arané kombang
27. Godhong pohung arané kopral
28. Godhong pring arané larmanyura
29. Godhong randhu arané baladéwa utawa cêmara kandhi
30. Godhong pari arané damèn
31. Godhong turi arané pêthuk
32. Godhong wuni arané pojar utawa mojar
33. Godhong widara putih arané trawas

ARANING WOH

01. Woh arèn arané kolang-kaling
02. Woh bêsusu arané bêngkowang (ing dhuwur)
03. Woh gêbang arané krandhing
04. Woh pucung arané kluwak
05. Woh sambi arané kêcacil
06. Woh so arané mlinjo
07. Woh uwi arané katak
08. Woh turi arané klênthang
09. Woh kanthil arané gandhèk
10. Woh widara putih arané anyang

ARANING ISI/WIJI

01. Isi asem arané klungsu
02. Isi kêcipir arané botor
03. Isi durèn arané ponggé
04. Isi kluwih arané bêthêm
05. Isi nangka arané bêton
06. Isi sawo arané kêcik
07. Isi bêndha arané gundhu
08. Isi pêlêm arané pêlok
09. Isi kapas arané wuku
10. Isi randhu arané klênthêng
11. Isi sêmangka arané kwaci
12. Isi salak arané géyol utawa kênthos
13. Isi mlinjo arané klathak
14. Isi jambé arané jêbug
15. Isi tanjung arané kêcik (isi sawo uga aran kêcik)


ARANING PÊNTIL

01. Pêntil asêm arané cempaluk
02. Pêntil jambu arané karuk
03. Pêntil pêlêm arané kruntil utawa bajangan
04. Pêntil nangka arané gori utawa tèwèl
05. Pêntil randhu arané karuk (padha karo pêntil jambu)
06. Pêntil jambé arané blèbèr
07. Pêntil jagung arané jantênan utawa putrèn
08. Pêntil krambil arané bluluk-cêngkir-dêgan
09. Pêntil mlinjo arané kroto
10. Pêntil sêmangka arané gêndhoyo
11. Pêntil manggis arané blibar

dening: ndalem Mbah Doel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar