Kamis, 02 Desember 2010

Rura Basa

Tembung rura basa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake.
Tuladhane kaya ing ngisor iki .
01. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega
02. njait Klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi
03. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe.
04. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu.
05. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet
06. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa
07. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang
08. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel
09. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog supaya dadi gethuk
10. nggodog wedang, benere: nggodog banyu supaya dadi wedang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar