Kamis, 25 November 2010

Asal usul Semar

A. Latar Belakang Filsafat Wayang
      1.   Sathitik Ngengingi Wayang
                    Wayang inggih punika salah satunggaling wujuding Teater lan Drama ingkang alus lan rumit (Brandon:1970). Ing Basa Jawi tembung “wayang” ngemu teges “bayangan”. Menawi dipun-tingali saking filsafatipun nggadhahi teges bayangan utawi wewujudan saking sipatipun para manungsa, tuladhanipun angkara murka, kebajikan, serakah lsp. Wayang dipun-paragani dhening Dhalang, Sinden lan Pangrawit. Ginaning dhalang ing ngriki kagem ngatur lampahing wayang. Ing pertunjukan wayang dipun-tepang set kiwa lan tengen. Set tengen kagem paraga-paraga ingkang mbela kasaenan saha kabajikan, menawi set kiwa kagem paraga angkara murka.
              Pertunjukan wayang dasaripun minangkani upacara keagamaan utawi upacara ingkang nggadhahi sesambetan kaliyan kapitadosan tumuju “Hyang”, kalampahaken ing wayah dalu dhening satunggaling prantara ingkang dipu-sebat “Syaman”, kanthi mundut cariyos-cariyos saking leluhuripun utawi nenek moyang-ipun. Upacara punika nggadhahi ancas nimbali lan sesambetan kaliyan Roh para leluhur kangge nyuwun pitulung lan restunipun menawi wonten sapanthan bebrayan badhe miwiti utawi mungkasi pakaryan.
              
      2.   Filsafat ing Cariyos Wayang 
            Wayang minangka basa simbol kehidupan ingkang sipatipun rohaniyah tinimbang jasmaniyah. Nalika tiyang mirsani pagelaran wayang, ingkang dipunutamakaken boten bentukipun wayang ananging prekawis ingkang kasirat wonten ing cariyos wayang kasebut. Tuladhanipun, menawi wonten tiyang ingkang macak lan ngadhepi kaca rias, ingkang dipun-pirsani boten wujud lan ukuranipun, ananging tiyang punika ningali baying-bayang wujudipun piyambak.
           
B.   Semar Minangka
      1.   Mitos asal-usuling Semar
Salah satunggaling sumber nyariosaken asal-ususling Semar. Inggih punika mekaten. Bilih langit lan bumi punika dipun-kuwaosi dening Sang Hyang Wenang. Sang Hyang Wenang ngadhahi putra satungggal kanga ran Sang Hyang Tunggal,  Sang Hyang Tunggal nggadhahi garwa kanga ran Dewi Rekatawati, putrid kepiting raseksa kanga ran Rekatama. Wonten ing sawijining dina Dewi Rekatawati nigan (Bertelur) lan sapunika ugi tiganipun miber dhateng langit saperlu ngadhep Sang Hyang Wenang. Tigan punika mecah piyambak lajeng muncul wewujudan tigang makhluk. Ingkang muncul saking kulit tigan kaparingi nama Tejamantri, putih telur kaparingi nama Ismaya, lan saking kuning telur Manikmaya namanipun.
                         Ing sawijining dina katiganipun sami wicantenan, ingkang akibatipun sami bertengkar masalah sinten ingkang badhe nggantos kakuwasan bapakipun samangkih. Manikmaya nggadhahi saran ngadhani sayembara, sayembaranipun sinten ingkang saged nedha gunung lan saged medhalaken malih, punika samangkih ingkang nggantosaken kakuwasan bapakipun. Tejamantri minangka paling sepuh, nyobi rumiyin ananging gagal. Lajeng Ismaya, piyambakipun saged nedha gunung ananging boten saged medhalaken. Prastawa punika ingkang nyebabaken kajadian Gara-gara.
                         Sang Hyang Wenang lajeng rawuh lan mutusaken, panjenenganipun ngendikan bilih ing wekdalipun Manikmaya ingkang dados raja para dewa, panguwasa surgaing kahyangan. Ugi nggadhahi katurunan ingkang gesang ing bumi. Lajeng Ismaya lan Tejamantri kedhah mandhap dhateng bumi saperlu ngopeni katurunan saking Manikmaya. Kekalihipun saged nghadhap Sang Hyang Wenang menawi Manikmaya boten nindaki kaadilan. Ing wekdal punika ugi Sang Hyang wenang nggantos namanipun katiganipun. Manikmaya dados Bathara Guru, Tejamantri dados Togog lan Ismaya dados Semar. Amargi gunugn sampun kapangan lan boten saged dipun-medhalaken malih, wujuding Semar dados ageng, lemuk lan bunder. Langkung katingal kados cebol.







Tidak ada komentar:

Posting Komentar