Minggu, 28 November 2010

Wara-wara

Ing basa Indonesia wara-wara diarani Pengumuman. tegese yaiku aweh kabar utawa aweh informasi marang wong liya (ing sawijing panggonan), kanthi ancas wong liya ngreti isine wara-wara.

Wujude wara-wara:
1. lisan, yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media elektronik, kayata: Tivi, Radio, lsp.
2. Tulisan, yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media cetak. kayata: ariwarti, kalawarti.

jinise wara-wara:
1. wara-wara bab kegiyatan
2. wara-wara bab undangan
3. wara-wara bab lelayu

BAb kang prelu digatekake nalika nggawe wara-wara:
1. saka sapa wara-wara mau kababar
2. kanggo sapa wara-wara mau
3. suraane (isine) apa
4. kapan wara-wara mau digawe
5. kapan kagiyatan mau katindakake
6. ana ing ngendi mapane
7. sapa kang mandegani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar