Jumat, 26 November 2010

Wacana Narasi

Nulis wacana narasi
Wacana narasi yaiku karangan kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis), ana paraga, latar, lan alur.
Ancase karangan narasi yaiku nyeritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga karangan kang mingka asiling rekadaya pikirane pengarang. Mula, supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu ana paraga, papan, swasana, urutan kadadean lan liya-liyane.
Titikane utawa ciri-ciri wacana narasi yaiku:
1. Anane tumindak ing sajrone crita
2. Crita mau ditindakake ing sajroning wektu
Wacana narasi ana rong werna, yaiku:
1. Narasi ekspositoris, yaiku narasi kang duwe ancas menehi ngreti para maos supaya tambah pangretene.
2. Narasi sugestif, yaiku narasi kang nyeritakake surasa (makna) lumantar pangangen-angen (imajinaasi).

4 komentar: