Jumat, 26 November 2010

Paramasastra

A. Widyaswara (Fonologi)
Ingkang dipunpikajengaken widyaswara punika ilmu bab swanten utawi ungel. Widyaswara punika ngewrat swanten-swanten ingkang saged mbedakaken wujud sarta teges. Muring wonten gambaran, kawigatosna tembung-tembung punika: gilo-gila, soto-sotho, wedi-wedhi, saba-sapa, tuma-tuwa, kudu-kuru lan sanes-sanesipun.

B. Widya tembung (Morfologi)
Ingkang dipunwastani widyatembung punika rerangkèning swanten ingkang kawedhar saking salebeting tutuk ingkang ngemu teges saha kamangretosan suraosipun. Widyatembung utawi tata tembung punika kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadosing tembung, saha ewahipun satunggaling tembung dados tembung sanès karana pikantuk wuwuhan utawi imbuhan.
1. Tembung lingga
Tembung lingga iku tembung jroning Basa Jawa sing durung owah saka asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan. Jinis tembung lingga sing mung sakecapan diarani tembung wod. Tuladha tembung lingga: mangan, turu, tuku. Tuladha tembung wod: lor, nul, tik.
Tuladha:
•katon (terlihat-basa Indonesia) dijupuk seka tembung lingga ton kang diwenehi ater-ater ka-.
•Sabanjuré (seterusnya - basa Indonesia) digawé saka tembung lingga banjur kang diwènèhi ater-ater lan panambang sa lan é.
2. Tembung Andhahan
Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka asliné (tembung lingga). Ing basa Indonesia, tembung andhahan diarani kata jadian. Tambahan seka tembung lingga iku bisa arupa siji utawa campuran seka
3. Ater-ater
Ater-ater iku pocapan tambahan kang ana ing ngarep tembung lingga. Yen ing basa Indonesia diarani awalan. Ing basa Jawa, ater-ater iki antara liya:
• Hanuswara (n, ny, m, ng)
• Tripurusa (tak, ko, di)
• Liya: Sa, pa, pi, pra, tar, ka, kuma, kapi, kami, a, ma, pan, pang, lan sapanunggalané

Tuladha:
• n + tulis --> nulis
• ny + silih ---> nyilih
• di + rasa ---> dirasa
• pa + tandhang ---> panandhang

4. Panambang
Panambang iku pocapan utawa tembung kang diselehake ing pungkasane tembung kang bisa ngowahi arti seka tembung linggane. Yen ing basa Indonesia, panambang iku disebut akhiran. Panambang ing basa Jawa yaiku: a, i, e, en, ana, ake, na, ni, ne, ku, lan mu.
Tuladha:
• rasa + ne --> rasane
• karep + mu ---> karepmu
5. Tembung Rangkep
Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.
6. Tembung Dwilingga
Miturut owah orané lingga
• Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
• Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda kang owah. Contoné: wira-wiri, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.
Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang uga mturut tegesé utawa dadiné, antara liya:
• Dadi tembung aran. Conto: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
• Dadi tembung kaanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
• Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
• Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
• Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
• Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
• Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang pisanan baé. Conto: dedunung, tetuku, lelaku, leluri.

7. Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang kapindho (mburi. Conto: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,
Tembung Camboran
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji.
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
• Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
• Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
• Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
• Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
• Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

8. Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:

• a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
• a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
• a + e = e
Warna + edi = warnèdi
• a + u = o
Wira + utama = wirotama
• i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
• u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
• sa +ulah = solah
• sami + a = samya
• ke + legi + an = kelegèn

Tidak ada komentar:

Posting Komentar