Minggu, 28 November 2010

Unggah-ungguhing Basa

Unggah-ungguhing basa Jawa dipun-perang dados 2, inggih punika:
1. Ngoko
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
2. Krama
a. Krama lugu
b. Krama alus

1. ngoko lugu
Titikanipun : - Sedaya tetembunganipun ngginakaken ngoko
- Ater-ater lan panambang ngoko
Dipun-ginakaken kangge:
1. Bocah sebaya
2. Tiyang sepuh marang putranipun
3. Tiyang ingkang sampun raket
4. Tiyang ingkang boten ngormati lawan wicantenanipun
5. Tiyang ngunandika
Tuladha : “Adi arep lunga menyang ngendi?”

2. ngoko alus
Titikanipun : - Tembung ngoko disarengi/ dicampur kaliyan krama inggil
- Ater-ater lan panambang ngoko
Dipun-ginakaken kangge:
1. Tiyang dewasa kaliyan sesaminipun
2. Tiyang ingkang relatif nem utawi sepuh ananging taksih wonten unsur ngormati
3. Tiyang nem marang tiyang sepuh
Tuladha : “Panjenengan arep tindak ngendi mas?”

3. krama lugu
Titikanipun : Tetembungan sedaya ngginakaken ragam krama
Dipun ginakaken kagem :
1. Tiyang ingkang nembe tepang
2. Tiyang ingkang langkung sepuh marang tiyang nem
3. Tiyang nem marang tiyang sepuh ananging boten ngormati
4. Sesami tiyang sepuh
Tuladha : “Sampeyan boten wangsul?”

4. krama alus
Titikanipun : Tetembungan sedaya ngginakaken krama inggil
Dipun ginakaken kagem :
1. Putra marang tiyang sepahipun
2. Murid marang guru
3. Tiyang sepuh marang tiyang nem kanthi ancasipun ngormati
4. Sesami tiyang sepuh
5. Tiyang ingkang sami ngormati.
Tuladha : “Panjenengan sampun dhahar menapa dereng?”

1 komentar:

  1. maturnuwun sanget dumateng mas Khusnul ingkang cakep banget materinipun_ingkang pundi kulo lan keluarga sanget butuh babakan materi puniko

    BalasHapus